Selasa, 09 November 2010

Kabeh Mau Mung Bali Neng Roso

Menungso Urip ono ing ngalam ndonyo sing digolek i mung siji yo kuwi roso utowo wong urip kui bali ne mung neng roso.
Awake dewe nyambut gawe sing digoleki mung roso......
Bondo Donyo, duwit lan sak pinunggalane kui mung wujudte. amargo mergo bondo donyo kui mau awake dewe iso ngrasakake enak lan ora enek tergantung awake dewe sing arep ngrasakke.
Awake dewe ngibadah sing digoleki mung roso.............
Swargo lan Neroko kui mung wujudte. Awake dewe yen kepengen ngrasakke Swargo yo kudu ngibadah kanthi temenan ninggalake larangane gusti Allah lan Nabine lan Jalannake perintahe Allah lan Rosule, nanging yen awake dewe pengen ngrasakake Neroko yo tumindako sak karepmu dewe. dadi intine awake dewe pengen ngrasake Swargo utowo Neroko mung gumnatung awake dewe.
Lha kabeh kui mau mung bali neng roso.........monggo njenegan rasak-rasakke milih sing endhi...........
 

blogger templates | Make Money Online